PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Markus 5:25-34
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Ana wong wédok sing wis 12 taun+ lara pendarahan.+ 26 Dhèwèké wis nggolèk tamba marang akèh dokter, ning dhèwèké malah digawé saya sengsara.* Kabèh hartané wis entèk, ning dhèwèké ora mari lan malah dadi saya parah. 27 Wektu krungu soal Yésus, dhèwèké ndhesel ing antarané wong akèh lan nyedhaki Yésus saka mburi. Terus, dhèwèké ndemèk klambi njabané Yésus+ 28 merga dhèwèké terus-terusan mbatin, ”Nèk aku isa ndemèk klambi njabané waé, aku mesthi mari.”+ 29 Wektu kuwi, pendarahané langsung mandheg. Wong wédok kuwi isa ngrasakké nèk awaké wis mari saka penyakit sing nggawé dhèwèké sengsara.

      30 Yésus langsung krasa nèk ana kuwasa+ sing metu saka dhèwèké. Terus, Yésus méngo lan ndelok kumpulan wong kuwi. Yésus takon, ”Sapa sing ndemèk klambi njabaku?”+ 31 Murid-murid kandha, ”Guru, ngapa kok njenengan takon sapa sing ndemèk njenengan? Sing dhesek-dhesekan ing mburiné njenengan kan akèh banget.” 32 Ning, Yésus tetep ndelok sekitaré merga péngin ngerti sapa sing ndemèk dhèwèké. 33 Wong wédok kuwi kewedèn lan ndredheg merga ngerti sing dhèwèké alami. Mula, wong wédok kuwi nyedhak lan sujud ing ngarepé Yésus, terus dhèwèké nyritakké sing saktenané. 34 Yésus kandha, ”Ndhuk, imanmu wis nggawé kowé mari. Muliha, lan ora usah kuwatir.+ Kowé wis mari saka penyakit sing nggawé kowé sengsara.”+

  • Markus 6:56
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 56 Saben Yésus teka ing désa lan kutha, wong-wong sing lara padha digawa ing pasar-pasar. Wong-wong padha njaluk marang Yésus bèn éntuk ndemèk pucuk klambi njabané.+ Kabèh wong sing ndemèk kuwi dadi mari.

  • Lukas 8:43-48
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 43 Ing kono, ana wong wédok sing wis 12 taun lara pendarahan,+ lan durung ana sing isa marèkké dhèwèké.+ 44 Wong wédok kuwi nyedhaki Yésus saka mburi lan ndemèk pucuk klambi njabané Yésus,+ lan pendarahané langsung mandheg. 45 Mula Yésus kandha, ”Sapa sing ndemèk aku?” Ning ora ana sing ngaku. Terus Pétrus kandha, ”Guru, ing sekitaré njenengan ana akèh wong sing dhesek-dhesekan.”+ 46 Yésus kandha, ”Ana sing ndemèk aku, merga aku ngerti nèk ana kuwasa+ sing metu saka awakku.” 47 Wong wédok kuwi ngerti nèk dhèwèké wis konangan. Mula, wong wédok mau marani Yésus karo ndredheg lan sujud ing ngarepé Yésus. Terus, dhèwèké nyritakké ing ngarepé kabèh wong ngapa kok dhèwèké ndemèk Yésus lan piyé dhèwèké isa langsung mari. 48 Ning, Yésus ngomong karo wong wédok kuwi, ”Ndhuk, imanmu wis nggawé kowé mari. Muliha, lan ora usah kuwatir.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim