PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 9:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Ana wong wédok sing wis 12 taun lara pendarahan.+ Wong wédok kuwi nyedhaki Yésus saka mburi lan ndemèk pucuk klambi njabané Yésus,+

  • Markus 5:25-28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Ana wong wédok sing wis 12 taun+ lara pendarahan.+ 26 Dhèwèké wis nggolèk tamba marang akèh dokter, ning dhèwèké malah digawé saya sengsara.* Kabèh hartané wis entèk, ning dhèwèké ora mari lan malah dadi saya parah. 27 Wektu krungu soal Yésus, dhèwèké ndhesel ing antarané wong akèh lan nyedhaki Yésus saka mburi. Terus, dhèwèké ndemèk klambi njabané Yésus+ 28 merga dhèwèké terus-terusan mbatin, ”Nèk aku isa ndemèk klambi njabané waé, aku mesthi mari.”+

  • Lukas 8:43, 44
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 43 Ing kono, ana wong wédok sing wis 12 taun lara pendarahan,+ lan durung ana sing isa marèkké dhèwèké.+ 44 Wong wédok kuwi nyedhaki Yésus saka mburi lan ndemèk pucuk klambi njabané Yésus,+ lan pendarahané langsung mandheg.

  • Kisah 19:11, 12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Liwat Paulus,+ Gusti Allah terus nindakké mukjijat-mukjijat sing hébat. 12 Malah, sapu tangan lan klambi* sing tau dienggo Paulus isa digunakké kanggo marèkké wong-wong lara+ lan ngusir roh-roh jahat.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim