19 Gusti Allah kandha, ”Sara bojomu bakal bener-bener nglairké anak lanang. Bocah kuwi kudu mbok jenengi Ishak.*+ Aku bakal nggawé perjanjian karo dhèwèké lan karo keturunané.*+ Perjanjian kuwi bakal ana sakterusé.
16 Janji-janjiné Gusti Allah digawé kanggo Abraham lan keturunané.*+ Ayaté ora kandha ”kanggo keturunan-keturunanmu”,* kaya-kaya kanggo akèh wong. Ning, ayaté kandha ”kanggo keturunanmu”,* maksudé mung kanggo wong siji, yaiku Kristus.+