-
Purwaning Dumadi 12:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Yéhuwah kandha marang Abram, ”Kowé kudu ninggalké tanahmu, sedulurmu, lan keluargané bapakmu, terus lunga menyang tanah sing bakal Tak duduhké marang kowé.+ 2 Aku bakal nggawé keturunanmu dadi bangsa sing gedhé, lan Aku bakal mberkahi kowé.+ Aku bakal nggawé jenengmu terkenal, lan kowé bakal dadi berkah kanggo wong liya. 3 Aku bakal mberkahi wong sing mberkahi kowé, lan Aku bakal ngutuk wong sing ngutuk kowé.+ Kabèh keluarga ing bumi mesthi bakal éntuk berkah liwat kowé.”+
-
-
Purwaning Dumadi 24:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Yéhuwah, Gusti Allah sing nguwasani swarga, sing nggawa aku lunga saka keluargané bapakku+ lan saka negarané sedulurku, sumpah marang aku,+ ’Aku bakal mènèhké tanah iki+ kanggo keturunanmu.’*+ Dhèwèké bakal ngongkon malaékaté nuntun kowé,+ lan ing kana+ kowé mesthi bakal nemokké bojo kanggo anakku.
-