14 terus umat-Ku sing disebut nganggo jeneng-Ku+ kuwi ngrendhahké dhiri,+ ndonga, nggolèki Aku, lan mertobat saka tumindaké sing jahat,+ Aku bakal ngrungokké saka swarga lan ngapura dosa-dosané, lan nggawé tanah kuwi subur manèh.+
13 Ning, petugas pajeg kuwi ngadeg ing kadohan, malah ndhangak waé ora wani. Dhèwèké terus nggebugi dhadhané lan kandha, ’Gusti Allah, tulung mesakké aku. Aku iki wong dosa.’+
9 Gusti Allah kuwi setya lan adil. Mula, nèk awaké dhéwé ngakoni dosa, Dhèwèké bakal ngapura dosané awaké dhéwé lan ngresiki awaké dhéwé saka kabèh tumindak sing jahat.+