-
Kaimaman 14:2-4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 ”Iki hukum sing kudu ditindakké wong sing kena kusta wektu wong kuwi ngadhep imam,+ yaiku wektu imam arep netepké nèk wong kuwi ora najis manèh. 3 Imam kudu lunga menyang njaba perkémahan lan mriksa wong kuwi. Nèk wong sing kena kusta kuwi wis mari, 4 imam kudu ngongkon wong kuwi nggawa manuk sing ora haram loro, kayu aras,* benang abang, lan tanduran hisop* bèn wong kuwi ora najis manèh.+
-
-
Matius 8:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Mula, Yésus ngulurké tangané lan ndemèk wong kuwi. Yésus kandha, ”Ya, aku gelem marèkké kowé.+ Saiki kowé wis mari.”* Wong sing lara kusta kuwi langsung mari.+ 4 Terus Yésus kandha, ”Aja kandha sapa-sapa.+ Lungaa, duduhna awakmu marang imam,+ lan wènèhna korban kaya sing dipréntahké ing Hukum Musa+ kanggo mbuktèkké nèk kowé wis mari.”
-
-
Lukas 5:13, 14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Mula, Yésus ngulurké tangané lan ndemèk wong kuwi. Yésus kandha, ”Ya, aku gelem marèkké kowé. Saiki kowé wis mari.”* Wong sing lara kusta kuwi langsung mari saka kustané.+ 14 Terus, Yésus nglarang wong kuwi ngandhani sapa-sapa. Yésus kandha, ”Lungaa, duduhna awakmu marang imam, lan wènèhna persembahan kaya sing dipréntahké ing Hukum Musa+ kanggo mbuktèkké nèk kowé wis mari.”+
-