-
Matius 19:16-22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Ana wong lanang enom sing marani Yésus lan takon, ”Guru, bèn isa urip saklawasé, aku kudu tumindak apik apa?”+ 17 Yésus njawab, ”Ngapa kok kowé takon karo aku soal apa sing apik? Mung siji sing apik, yaiku Gusti Allah.+ Ning, nèk kowé péngin urip saklawasé, terusa manut préntah-préntahé Gusti Allah.”+ 18 Wong kuwi takon manèh, ”Préntah sing endi?” Yésus njawab, ”Aja matèni wong,+ aja laku jina,+ aja nyolong,+ aja mènèhi keterangan sing ora bener,+ 19 kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu,+ lan kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.”+ 20 Wong kuwi kandha, ”Kuwi kabèh wis tak tindakké. Terus, apa manèh?” 21 Yésus njawab, ”Nèk kowé péngin sampurna,* edolen hartamu. Terus, hasilé wènèhna marang wong mlarat, lan kowé bakal éntuk harta ing swarga.+ Bar kuwi, dadia muridku.”+ 22 Wektu krungu omongané Yésus, wong kuwi sedhih lan akhiré lunga merga hartané akèh.+
-
-
Markus 10:17-22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Wektu Yésus neruské perjalanané, ana wong lanang sing mlayu nyedhak lan sujud ing ngarepé Yésus. Wong lanang kuwi takon, ”Guru sing Apik, aku kudu ngapa bèn isa nampa warisan urip saklawasé?”+ 18 Yésus njawab, ”Ngapa kok kowé nyebut aku apik? Ora ana sing apik kecuali Gusti Allah.+ 19 Kowé mesthi ngerti préntah iki: ’Aja matèni wong,+ aja laku jina,+ aja nyolong,+ aja mènèhi keterangan sing ora bener,+ aja ngapusi,+ lan kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu.’”+ 20 Wong lanang kuwi kandha, ”Guru, kabèh préntah kuwi wis tak tindakké kèt cilik.” 21 Yésus ndelok wong lanang kuwi, lan merga nresnani, Yésus kandha, ”Ana siji manèh sing kudu mbok tindakké: Edolen hartamu. Terus, hasilé wènèhna marang wong mlarat, lan kowé bakal éntuk harta ing swarga. Bar kuwi, dadia muridku.”+ 22 Ning, bar krungu jawaban kuwi, wong kuwi dadi sedhih. Dhèwèké lunga saka kono lan ngrasa sedhih merga hartané akèh.+
-
-
Lukas 10:25-28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Wektu kuwi, ana salah siji ahli Taurat sing nguji Yésus. Dhèwèké takon, ”Guru, aku kudu ngapa bèn isa nampa warisan urip saklawasé?”+ 26 Yésus kandha, ”Apa sing ditulis ing Taurat? Nèk menurutmu, kuwi maksudé apa?” 27 Ahli Taurat kuwi njawab, ”’Kowé kudu nresnani Yéhuwah* Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu,* nggunakké kabèh kekuwatanmu, lan nggunakké kabèh pikiranmu,’+ lan ’kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.’”+ 28 Yésus kandha, ”Jawabanmu bener. Terusa nindakké kuwi, lan kowé bakal urip saklawasé.”+
-