-
2 Para Raja 17:13, 14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Yéhuwah bola-bali ngélikké Israèl lan Yéhuda liwat para nabiné lan wong sing nyampèkké wahyu,+ kandhané, ”Kowé kudu mertobat saka kelakuanmu sing jahat.+ Terus tindakna préntah-Ku, peraturan-Ku, yaiku kabèh hukum sing Tak wènèhké marang nènèk moyangmu lan sing Tak sampèkké marang kowé liwat nabi-Ku.” 14 Ning, wong-wong kuwi ora ngrungokké lan tetep ndableg kaya nènèk moyangé sing ora nduduhké iman marang Yéhuwah Gusti Allahé.+
-
-
2 Babad 36:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.
-
-
Ibrani 11:36, 37Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
36 Sing liyané manèh diuji wektu diécé lan dipecuti, malah nganti diranté+ lan dipenjara.+ 37 Wong-wong kuwi imané diuji, dibandhemi* watu nganti mati,+ dipotong-potong nganggo graji, dipatèni nganggo pedhang,+ mung nganggo klambi saka kulit domba lan kulit kambing,+ ngalami kekurangan, sengsara,+ lan dianiaya.+
-