PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 53:7, 8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Dhèwèké dianiaya+ lan meneng waé wektu ditindhes.+

      Dhèwèké ora ngomong apa-apa.

      Dhèwèké kaya domba sing arep dibelèh,+

      Kaya domba sing meneng waé wektu arep dicukur wuluné.

      Dhèwèké ora ngomong apa-apa.+

       8 Dhèwèké ditindhes lan dipatèni merga keputusan sing ora adil.

      Ora ana sing mikirké asal usulé.

      Dhèwèké dipatèni.*+

      Dhèwèké dipatèni* merga kesalahané bangsaku.+

  • Danièl 9:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 ”Sakwisé 62 minggu kuwi, Mésias bakal dipatèni.+ Dhèwèké bakal mati tanpa nduwé apa-apa.+

      ”Ana pemimpin lan tentarané sing bakal teka, terus ngancurké kutha lan panggonan suci kuwi+ kaya banjir sing ngancurké. Nganti akhir, bakal ana perang terus. Bakal ana kehancuran sesuai karo keputusané Gusti Allah.+

  • Kisah 4:27, 28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Saiki, iki sing kelakon, Hérodès lan Pontius Pilatus+ ngumpul ing kutha iki bareng karo wong Israèl lan wong-wong saka bangsa liya merga arep nglawan Yésus, abdi-Mu sing suci lan sing mbok lantik.+ 28 Wong-wong kuwi ngumpul bareng kanggo nindakké apa sing wis Njenengan ramalké. Kuwi kelakon merga kuwasa-Mu* lan merga karep-Mu.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim