-
Matius 26:69-75Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
69 Wektu Pétrus lungguh ing njaba, ing halaman, ana pembantu wédok marani dhèwèké lan kandha, ”Kowé kan kancané Yésus, wong Galiléa kuwi, ta?”+ 70 Ning, Pétrus ora ngaku. Ing ngarepé kabèh wong kuwi, dhèwèké kandha, ”Dudu. Kowé kuwi ngawur.” 71 Wektu dhèwèké metu menyang cedhaké gerbang, ana wong wédok liya sing tau ndelok Pétrus. Dhèwèké ngandhani wong-wong ing kono, ”Wong iki kancané Yésus wong Nazarèt.”+ 72 Pétrus ora ngaku manèh lan sumpah, ”Aku ora kenal wong kuwi.” 73 Ora let suwé, wong-wong sing ana ing kono nyedhaki Pétrus lan kandha, ”Kowé mesthi salah siji saka muridé, ta? Kétok banget saka logatmu.”* 74 Ning, Pétrus ora ngaku.* Dhèwèké sumpah, ”Aku ora kenal wong kuwi.” Wektu kuwi, pitik jago langsung kluruk. 75 Pétrus langsung kèlingan omongané Yésus, ”Sakdurungé jago kluruk, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+ Pétrus lunga saka kono lan nangis sesenggukan.
-
-
Markus 14:66-72Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
66 Wektu Pétrus ana ing halaman, ana pembantuné wédok imam agung sing mara.+ 67 Pas ndelok Pétrus ing cedhak geni, wong wédok kuwi ngamati Pétrus, terus kandha, ”Kowé kan ya kancané Yésus wong Nazarèt kuwi, ta?” 68 Ning, Pétrus ora ngaku. Pétrus kandha, ”Aku ora kenal dhèwèké. Kowé kuwi ngawur.” Bar kuwi, Pétrus metu menyang gerbang. 69 Ing kono, pembantu wédok kuwi ndelok Pétrus manèh lan ngandhani wong-wong sing ana ing kono, ”Wong iki salah siji muridé.” 70 Pétrus ora ngaku manèh. Ora let suwé, wong-wong sing ana ing kono ngomong manèh karo Pétrus, ”Kowé mesthi salah siji muridé, ta? Kowé kan wong Galiléa.” 71 Ning, Pétrus ora ngaku.* Dhèwèké sumpah, ”Aku ora kenal karo wong sing mbok omongké kuwi.” 72 Wektu kuwi, pitik jago langsung kluruk ping loro.+ Pétrus langsung kèlingan omongané Yésus, ”Sakdurungé jago kluruk ping loro, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+ Pétrus dadi sedhih banget lan nangis.
-
-
Yohanes 18:18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Wektu kuwi hawané adhem. Mula, para budhak lan para petugas nyumet geni lan ngadeg ing cedhaké geni kuwi supaya awaké anget. Pétrus ya ana ing kana bareng karo wong-wong kuwi.
-