PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 26:69-75
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 69 Wektu Pétrus lungguh ing njaba, ing halaman, ana pembantu wédok marani dhèwèké lan kandha, ”Kowé kan kancané Yésus, wong Galiléa kuwi, ta?”+ 70 Ning, Pétrus ora ngaku. Ing ngarepé kabèh wong kuwi, dhèwèké kandha, ”Dudu. Kowé kuwi ngawur.” 71 Wektu dhèwèké metu menyang cedhaké gerbang, ana wong wédok liya sing tau ndelok Pétrus. Dhèwèké ngandhani wong-wong ing kono, ”Wong iki kancané Yésus wong Nazarèt.”+ 72 Pétrus ora ngaku manèh lan sumpah, ”Aku ora kenal wong kuwi.” 73 Ora let suwé, wong-wong sing ana ing kono nyedhaki Pétrus lan kandha, ”Kowé mesthi salah siji saka muridé, ta? Kétok banget saka logatmu.”* 74 Ning, Pétrus ora ngaku.* Dhèwèké sumpah, ”Aku ora kenal wong kuwi.” Wektu kuwi, pitik jago langsung kluruk. 75 Pétrus langsung kèlingan omongané Yésus, ”Sakdurungé jago kluruk, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+ Pétrus lunga saka kono lan nangis sesenggukan.

  • Lukas 22:55-62
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 55 Ing tengah halaman omah kuwi, wong-wong nyumet geni lan lungguh ing sekitaré. Pétrus ya lungguh bareng karo wong-wong kuwi.+ 56 Tapi, ana pembantu wédok ndelok Pétrus lungguh ing cedhak geni. Dhèwèké ngamati Pétrus lan kandha, ”Wong iki kancané wong kuwi.” 57 Ning, Pétrus ora ngaku. Pétrus kandha, ”Dudu. Aku ora kenal dhèwèké.” 58 Ora let suwé, wong liya ya ndelok Pétrus lan kandha, ”Kowé kuwi kan salah siji muridé.” Ning Pétrus kandha, ”Dudu.”+ 59 Kira-kira let sak jam, ana wong liyané manèh sing ngomong, ”Wong iki mesthi kancané. Dhèwèké kan wong Galiléa.” 60 Ning Pétrus kandha, ”Dudu. Kowé kuwi ngawur.” Pas Pétrus isih ngomong, pitik jago langsung kluruk. 61 Wektu kuwi, Gusti Yésus langsung méngo lan ndeloki Pétrus. Pétrus langsung kèlingan omongané Yésus, ”Sakdurungé jago kluruk dina iki, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+ 62 Terus, Pétrus lunga saka kono lan nangis sesenggukan.

  • Yohanes 18:25, 26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Wektu kuwi, Simon Pétrus isih ngadeg ing cedhaké geni bèn awaké anget. Terus, wong-wong nakoni dhèwèké, ”Kowé kan salah siji muridé, ta?” Pétrus ora ngaku lan kandha, ”Dudu.”+ 26 Ing kono ana salah siji budhaké imam agung sing isih seduluran karo wong lanang sing kupingé disabet Pétrus nganti pothol.+ Wong kuwi kandha, ”Pas ing taman mau, aku kan ndelok kowé bareng karo dhèwèké.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim