PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 12:5, 6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Ning, wektu arep nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu, kowé kudu lunga menyang panggonan sing dipilih Gusti Allahmu ing antarané wilayahé suku-sukumu bèn dadi panggonané lan bèn jenengé dimulyakké.+ 6 Persembahan bakaran,+ korban, sepersepuluhan,+ sumbangan,+ persembahan merga nggawé janji, persembahan sukaréla,+ lan anak pertama saka ternakmu kudu mbok gawa mrana.+

  • 1 Para Raja 9:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Yéhuwah kandha, ”Aku wis ngrungokké donga lan apa sing mbok jaluk ing ngarep-Ku. Aku wis nyucèkké omah sing mbok bangun kuwi, lan jeneng-Ku bakal Tak dèlèhké ing kono kanggo sakterusé.+ Aku bakal terus nggatèkké lan mikirké omah kuwi.+

  • 2 Babad 7:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Terus, Yéhuwah nemoni Salomo+ pas bengi lan kandha, ”Aku wis ngrungokké dongamu, lan Aku wis milih panggonan iki kanggo dadi omah persembahan korban.+

  • Mazmur 122:superskripsi-9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • Laguné wong sing munggah menyang kutha. Lagu sing digawé Daud.

      122 Aku seneng banget wektu wong-wong kandha,

      ”Ayo lunga menyang omahé Yéhuwah.”+

       2 Oh Yérusalèm,+ saiki aku wis tekan kéné

      Lan ngadeg ing gerbangmu.

       3 Yérusalèm dibangun dadi kutha

      Sing bangunané jèjèr-jèjèr rapet.+

       4 Suku-sukuné Yah,*

      Yaiku suku-suku Israèl, padha mlaku munggah mrono

      Kanggo muji jenengé Yéhuwah,+

      Kaya peraturan sing diwènèhké marang Israèl.

       5 Takhta kanggo ngadili+

      Lan takhtané keturunané Daud ana ing kono.+

       6 Ayo ndonga bèn Yérusalèm tentrem.+

      Oh kutha,* wong-wong sing nresnani kowé bakal aman.

       7 Muga-muga kuthamu* bakal terus tentrem.

      Muga-muga kabèh sing manggon ing menaramu bakal terus ngrasa aman.

       8 Merga aku sayang karo sedulur-sedulurku, aku bakal kandha,

      ”Muga-muga kowé terus ngrasa ayem.”

       9 Merga aku seneng karo omahé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé,+

      Aku bakal ndonga bèn kowé tetep makmur.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim