PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Lukas 7:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Wektu Yésus wis cedhak gerbang kutha, ana jenazahé cah lanang sing diusung metu arep dikubur. Sing mati kuwi anak tunggal,+ lan ibuné wis randha. Akèh wong saka kutha kuwi sing mèlu ngancani ibuné cah lanang kuwi.

  • Lukas 7:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Bar kuwi, Yésus nyedhak lan ndemèk usungan kuwi. Wong-wong sing ngusung jenazah kuwi langsung mandheg. Terus Yésus kandha, ”Lé, kowé tak kandhani, tangia.”+

  • Lukas 8:52-54
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 52 Akèh wong lagi nangis lan nggebugi dhadhané merga sedhih. Terus Yésus kandha, ”Aja nangis.+ Cah wédok iki ora mati, ning lagi turu.”+ 53 Yésus diguyu karo wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi ngerti nèk bocah wédok mau wis mati. 54 Terus, Yésus nyekel tangané bocah wédok kuwi lan kandha, ”Tangia, Ndhuk.”+

  • Yohanes 11:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Yésus ngomong karo Marta, ”Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip.+ Wong sing nduduhké iman marang aku bakal urip manèh senajan wong kuwi wis mati.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim