-
Matius 14:19-21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Terus, wong-wong kuwi dikongkon lungguh ing suket. Sakwisé njupuk roti lima lan iwak loro, Yésus ndhangak lan ndonga.+ Bar kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé, terus murid-muridé ngedumké marang wong-wong. 20 Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg. Sakwisé kuwi, murid-murid nglumpukké sisané, lan ana 12 kranjang kebak,+ 21 padahal sing mangan ana kira-kira wong lanang 5.000, durung termasuk wong wédok lan bocah-bocah.+
-
-
Markus 6:39-44Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
39 Bar kuwi, Yésus ngongkon kabèh wong kuwi lungguh ing suket lan nggawé kelompok-kelompok.+ 40 Terus, wong-wong kuwi lungguh. Sak kelompok ana sing jumlahé 100 lan ana sing jumlahé 50. 41 Sakwisé njupuk roti lima lan iwak loro mau, Yésus ndhangak lan ndonga.+ Bar kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé bèn diedumké marang wong-wong. Dhèwèké ya ngedum-edumké iwak kuwi kanggo kabèh wong ing kono. 42 Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg. 43 Sakwisé kuwi, murid-murid nglumpukké sisané, lan ana 12 kranjang kebak, durung termasuk iwaké.+ 44 Sing mangan roti kuwi jumlahé 5.000 wong lanang.
-
-
Lukas 9:14-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Ing kono, ana kira-kira wong lanang 5.000. Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Kongkonen wong-wong kuwi lungguh lan nggawé kelompok-kelompok. Saben kelompok kira-kira wong 50.” 15 Mula, murid-murid ngongkon wong akèh kuwi lungguh. 16 Sakwisé njupuk roti lima lan iwak loro mau, Yésus ndhangak lan ndonga. Bar kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé bèn diedumké marang wong-wong. 17 Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg. Sakwisé kuwi, murid-murid nglumpukké sisané, lan sisané ana 12 kranjang.+
-