-
Markus 6:47-51Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
47 Bengi kuwi, Yésus dhèwèkan ing kono. Prauné murid-muridé wis ana ing tengah laut.+ 48 Terus, Yésus ndelok para muridé rekasa ndhayung prauné merga nglawan angin. Mula, pas isih subuh,* Yésus mlaku ing ndhuwur laut arep marani murid-muridé. Yésus mlaku terus kaya arep ngliwati prauné. 49 Wektu ndelok Yésus mlaku ing ndhuwur laut, murid-murid mbengok, ”Ana sing lagi mlaku.”* 50 Murid-murid kewedèn wektu ndelok Yésus. Mula, Yésus langsung ngomong karo murid-muridé, ”Aja wedi, iki aku.”+ 51 Terus, Yésus munggah ing prau kuwi, lan anginé mandheg. Murid-murid nggumun ndelok kuwi
-