PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 14:24-33
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Wektu prau sing ditumpaki murid-murid kuwi wis adoh banget* saka daratan, prauné diobat-abitké ombak merga nglawan arah angin. 25 Pas mèh ésuk,* Yésus mlaku ing ndhuwur laut lan marani murid-muridé. 26 Wektu ndelok Yésus mlaku ing ndhuwur laut, murid-muridé padha kewedèn lan mbengok, ”Ana sing lagi mlaku!”* 27 Yésus langsung ngomong karo murid-muridé, ”Aja wedi, iki aku.”+ 28 Pétrus kandha, ”Gusti, nèk pancèn kuwi njenengan, kongkonen aku mlaku ing ndhuwur laut marani njenengan.” 29 Yésus kandha, ”Mrénéa!” Terus, Pétrus mudhun saka prau lan mlaku ing ndhuwur laut marani Yésus. 30 Ning wektu ndelok badai, Pétrus dadi wedi. Wektu mulai kleleb, Pétrus mbengok, ”Gusti, tulung!” 31 Yésus langsung ngulurké tangané lan nyekel Pétrus. Yésus kandha, ”Ngapa kok imanmu cilik, lan ngapa kowé dadi ragu-ragu?”+ 32 Sakwisé Yésus lan Pétrus munggah ing prau, badai kuwi mandheg. 33 Terus, murid-murid sing ana ing prau sujud marang Yésus lan kandha, ”Njenengan kuwi pancèn Anaké Gusti Allah.”

  • Yohanes 6:16-21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Wektu wis soré, murid-murid lunga ing laut,+ 17 terus numpak prau merga arep nyabrang ing Kapernaum. Pas wis peteng, Yésus isih durung marani murid-muridé.+ 18 Ing laut, ombaké saya gedhé merga anginé banter.+ 19 Sakwisé ndhayung prauné kira-kira lima nganti enem kilomèter,* murid-murid ndelok Yésus mlaku ing ndhuwur laut lan mara nyedhaki prau. Murid-murid dadi wedi. 20 Ning, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Aja wedi, iki aku.”+ 21 Terus, murid-murid ngongkon Yésus munggah ing prau. Ora let suwé, prauné tekan ing tujuané.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim