PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 21:8, 9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Musa, ”Gawéa patung ula beracun lan dèlèhna kuwi ing cagak. Nèk ana sing dicokot, wong kuwi kudu ndelok patung kuwi bèn tetep urip.” 9 Musa langsung nggawé patung ula saka tembaga+ lan ndèlèhké kuwi ing cagak.+ Nèk ana wong sing dicokot ula lan ndelok patung kuwi, dhèwèké slamet.+

  • Danièl 7:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 ”Ing wahyu bengi kuwi, aku ndelok ana sing kaya anaké manungsa+ teka nganggo méga-méga ing langit. Dhèwèké diijinké nemoni Sing Lanjut Usia,+ terus dhèwèké digawa ing ngarepé.

  • Matius 26:64
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 64 Yésus njawab, ”Ya bener, kaya sing mbok omongké. Ning, kowé tak kandhani: Kèt saiki, kowé bakal ndelok Anaké manungsa+ lungguh ing sisih tengené Gusti Allah sing Mahakuwasa+ lan ndelok dhèwèké teka nganggo méga-méga langit.”+

  • Yohanes 3:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Kaya Musa ngangkat ula ing cagak wektu ing padhang belantara,+ Anaké manungsa ya kudu diangkat,+

  • Yohanes 12:32, 33
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Ning, pas diangkat,+ aku bakal narik kabèh wong marang aku.” 33 Sakjané Yésus ngomong kaya ngono merga arep nduduhké kaya apa matiné sing bakal kelakon ora suwé manèh.+

  • Galatia 3:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Awaké dhéwé wis dituku Kristus.+ Dhèwèké wis mbébaské awaké dhéwé+ saka kutukané Hukum Musa. Dhèwèké nggantèni awaké dhéwé dadi wong sing dikutuk, merga ana ayat sing kandha, ”Wong sing dipaku* ing cagak kuwi dikutuk.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim