28 Terus Yésus kandha, ”Sakwisé kowé ngangkat Anaké manungsa,+ kowé bakal ngerti nèk aku iki wongé.+ Kowé ya bakal ngerti nèk aku ora nindakké apa-apa nurut karepku dhéwé.+ Ning, sing tak omongké kuwi apa sing diwulangké Bapak marang aku.
13 Awaké dhéwé wis dituku Kristus.+ Dhèwèké wis mbébaské awaké dhéwé+ saka kutukané Hukum Musa. Dhèwèké nggantèni awaké dhéwé dadi wong sing dikutuk, merga ana ayat sing kandha, ”Wong sing dipaku* ing cagak kuwi dikutuk.”+