PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 26:6-10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Wektu ing Bétani, Yésus ana ing omahé Simon sing mbiyèn lara kusta.+ 7 Pas Yésus lagi mangan, ana wong wédok sing marani Yésus. Wong wédok kuwi nggawa botol saka watu isiné minyak wangi sing larang banget. Terus, minyak kuwi diesokké alon-alon ing sirahé Yésus. 8 Wektu ndelok kuwi, murid-murid nesu lan kandha, ”Ngapa kok minyaké dibuwang-buwang kaya ngono? 9 Kuwi kan isa diedol. Payuné mesthi larang. Terus, dhuwité isa diwènèhké wong mlarat.” 10 Wektu ngerti kuwi, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Ngapa kok kowé ngomong kaya ngono soal wong wédok iki? Dhèwèké wis apikan karo aku.

  • Markus 14:3-6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Pas Yésus lagi mangan ing Bétani, ing omahé Simon sing mbiyèn lara kusta, ana wong wédok sing marani Yésus karo nggawa botol saka watu* isiné minyak wangi, yaiku minyak narwastu* murni sing larang banget. Wong wédok kuwi mbukak botolé, terus minyak kuwi diesokké alon-alon ing sirahé Yésus.+ 4 Wektu ndelok kuwi, ana murid-murid sing nesu lan kandha karo liyané, ”Ngapa kok minyak wangi kuwi dibuwang-buwang? 5 Nèk diedol, minyak wangi kuwi kan isa payu luwih saka 300 dinar.* Terus, dhuwité isa diwènèhké wong mlarat.” Wong-wong kuwi jèngkèl banget karo* wong wédok mau. 6 Ning Yésus kandha, ”Mbok wis bèn. Ngapa kok kowé ngomong kaya ngono soal dhèwèké? Dhèwèké wis apikan karo aku.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim