PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 9:3, 4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Terus, ana ahli-ahli Taurat sing mikir, ”Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah.” 4 Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé nduwé pikiran jahat kaya ngono?+

  • Markus 2:6-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Para ahli Taurat sing lungguh ing kono mbatin,+ 7 ’Kok wani-waniné wong iki ngomong kaya ngono? Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. Apa ana sing isa ngapura dosa sakliyané Gusti Allah?’+ 8 Ning, Yésus langsung ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula, Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé nduwé pikiran kaya ngono?+

  • Yohanes 1:47, 48
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 47 Wektu Yésus ndelok Natanaèl teka, Yésus kandha, ”Lha iki wong Israèl sejati, sing ora licik atiné.”+ 48 Natanaèl kandha, ”Kok njenengan isa ngerti aku iki sapa?” Yésus njawab, ”Sakdurungé Filipus ngejak kowé, aku wis ndelok kowé ana ing ngisoré wit ara.”

  • Yohanes 6:64
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 64 Ning, ing antaramu ana sing ora percaya.” Kèt awal, Yésus wis ngerti sapa sing ora percaya lan sapa sing bakal ngianati dhèwèké.+

  • Wahyu 2:23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Aku bakal matèni anak-anaké nganggo wabah penyakit sing parah. Hasilé, kabèh jemaat bakal ngerti nèk aku iki sing mriksa ati lan pikirané* manungsa. Aku bakal mbales kowé sesuai karo tumindakmu dhéwé.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim