-
Matius 27:27-29Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
27 Sakwisé kuwi, para prajurité Pilatus nggawa Yésus menyang halaman omahé Pilatus lan ngundang* kabèh pasukan ngumpul ing sekitaré Yésus.+ 28 Para prajurit kuwi nyopot klambiné Yésus, terus diganti nganggo jubah abang.+ 29 Para prajurit kuwi ya nggawé mahkota saka tanduran eri lan masang kuwi ing sirahé Yésus. Tangan tengené Yésus ya dicekeli tongkat. Terus, wong-wong kuwi sujud ing ngarepé Yésus karo ngécé, ”Salam, hé Rajané Wong Yahudi.”
-