21 Kaya sing diomongké Yéhuwah, Yéhuwah nggatèkké Sara lan nepati janjiné.+ 2 Terus, Sara meteng+ lan nglairké anak lanang wektu Abraham wis tuwa. Bocah kuwi lair ing wektu sing wis dijanjèkké Gusti Allah marang Abraham.+ 3 Abraham njenengi bocah sing dilairké Sara kuwi Ishak.+