-
Pangentasan 3:2-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Terus, malaékaté Yéhuwah nemoni dhèwèké ing geni sing murub saka semak berduri.+ Musa terus ndelok semak kuwi. Semak kuwi metu geniné, tapi ora kobong. 3 Musa kandha, ”Anèh banget. Kok semak kuwi ora kobong? Coba tak deloké.” 4 Wektu Yéhuwah ndelok Musa nyedhaki semak kuwi, Gusti Allah ngundang* dhèwèké saka semak kuwi, ”Musa! Musa!” Terus Musa njawab, ”Ya, Gusti.” 5 Gusti Allah kandha, ”Aja nyedhak. Copoten sandhalmu merga kowé ngadeg ing panggonan sing suci.”
6 Gusti Allah kandha, ”Aku Gusti Allahé nènèk moyangmu,* Gusti Allahé Abraham,+ Gusti Allahé Ishak,+ lan Gusti Allahé Yakub.”+ Terus, Musa nutupi wajahé merga ora wani ndelok Gusti Allah sing bener. 7 Yéhuwah kandha manèh, ”Aku wis ndelok kesusahané umat-Ku sing ana ing Mesir, lan Aku wis ngrungokké wong-wong kuwi sambat merga dikongkon kerja paksa. Aku ngerti banget kesusahané wong-wong kuwi.+ 8 Aku bakal mudhun* lan nylametké wong-wong kuwi saka wong Mesir lan nggawa wong-wong kuwi metu saka tanah Mesir.+ Terus, wong-wong kuwi bakal Tak gawa menyang tanah sing subur lan amba, sing akèh susu lan maduné,+ yaiku tanahé wong Kanaan, wong Hèt, wong Amori, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+ 9 Aku wis krungu wektu wong Israèl padha sambat, lan Aku ya wis ndelok wong Mesir kejem banget nindhes wong-wong kuwi.+ 10 Saiki, Aku bakal ngutus kowé nemoni Firaun, lan kowé bakal nggawa wong Israèl metu saka Mesir.”+
-