-
Yésaya 53:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Dhèwèké dianiaya+ lan meneng waé wektu ditindhes.+
Dhèwèké ora ngomong apa-apa.
Dhèwèké kaya domba sing arep dibelèh,+
Kaya domba sing meneng waé wektu arep dicukur wuluné.
Dhèwèké ora ngomong apa-apa.+
8 Dhèwèké ditindhes lan dipatèni merga keputusan sing ora adil.
Ora ana sing mikirké asal usulé.
-
-
Danièl 9:26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 ”Sakwisé 62 minggu kuwi, Mésias bakal dipatèni.+ Dhèwèké bakal mati tanpa nduwé apa-apa.+
”Ana pemimpin lan tentarané sing bakal teka, terus ngancurké kutha lan panggonan suci kuwi+ kaya banjir sing ngancurké. Nganti akhir, bakal ana perang terus. Bakal ana kehancuran sesuai karo keputusané Gusti Allah.+
-