PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kisah 22:6-11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 ”Ning, pas wis mèh tekan Damaskus, kira-kira pas awan, ujug-ujug ana cahaya padhang saka langit sing bersinar ing sekitarku.+ 7 Terus, aku tiba lan krungu swara sing kandha marang aku, ’Saul, Saul, ngapa kok kowé nganiaya aku?’ 8 Aku njawab, ’Njenengan sapa, Pak?’ Dhèwèké njawab, ’Aku Yésus, wong Nazarèt, sing mbok aniaya.’ 9 Wong-wong sing lunga bareng karo aku ya ndelok cahaya kuwi, ning wong-wong kuwi ora krungu jelas swara kuwi lagi ngomong apa. 10 Terus, aku takon, ’Apa sing kudu tak tindakké, Pak?’ Gusti njawab, ’Ngadega lan mlebua ing kutha Damaskus. Ing kana, mengko bakal ana wong sing ngandhani kowé soal kabèh sing wis ditentokké kanggo mbok tindakké.’+ 11 Ning, merga cahaya sing padhang banget kuwi, aku dadi ora isa ndelok apa-apa. Aku isa tekan Damaskus merga dituntun karo wong-wong sing bareng karo aku.

  • Kisah 26:13-18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Wektu kuwi, ya Raja, pas awan, aku ndelok ana cahaya sing padhang banget saka langit. Padhangé ngluwihi matahari lan bersinar ing sekitarku lan wong-wong sing lunga bareng karo aku.+ 14 Pas aku lan kanca-kancaku tiba, aku krungu swara sing ngomong karo aku nganggo basa Ibrani, ’Saul, Saul, ngapa kok kowé nganiaya aku? Nèk kowé terus nglawan aku,* kowé nglarani awakmu dhéwé.’ 15 Ning aku takon, ’Njenengan sapa, Pak?’ Terus, dhèwèké njawab, ’Aku Yésus, sing mbok aniaya. 16 Tangia lan ngadega. Aku nemoni kowé merga arep milih kowé dadi abdi lan seksi. Kowé bakal martakké perkara-perkara sing wis mbok delok lan sing bakal tak duduhké.+ 17 Kowé bakal tak slametké saka bangsa iki lan bangsa-bangsa liyané merga aku ngutus kowé marang wong-wong kuwi.+ 18 Kowé tak utus kanggo mbukak mripaté wong-wong kuwi+ lan nuntun wong-wong kuwi metu saka petengan+ menyang panggonan sing padhang.+ Kowé ya tak utus kanggo nuntun wong-wong kuwi metu saka kuwasané Sétan+ marang kuwasané Gusti Allah. Hasilé, Gusti Allah bakal mberkahi lan nyucèkké wong-wong kuwi, kaya sing wis Dhèwèké tindakké marang wong-wong liyané sing wis setya.’

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim