-
Kisah 9:3-8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Pas wis mèh tekan Damaskus, ujug-ujug ana cahaya saka langit sing bersinar ing sekitaré Saul.+ 4 Terus, Saul tiba lan krungu swara sing kandha, ”Saul, Saul, ngapa kok kowé nganiaya aku?” 5 Saul kandha, ”Njenengan sapa, Pak?” Swara kuwi njawab, ”Aku Yésus,+ sing mbok aniaya.+ 6 Ngadega lan mlebua menyang kutha. Mengko ana wong sing bakal ngandhani kowé apa sing kudu mbok tindakké.” 7 Wong-wong sing lunga bareng Saul mung ngadeg lan ora isa ngomong apa-apa. Wong-wong kuwi krungu swara, ning ora ngerti sing lagi ngomong kuwi sapa.+ 8 Terus, Saul ngadeg. Ning bareng melèk, dhèwèké ora isa ndelok apa-apa. Mula, dhèwèké dituntun lan dijak mlebu Damaskus.
-
-
Kisah 26:13-15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Wektu kuwi, ya Raja, pas awan, aku ndelok ana cahaya sing padhang banget saka langit. Padhangé ngluwihi matahari lan bersinar ing sekitarku lan wong-wong sing lunga bareng karo aku.+ 14 Pas aku lan kanca-kancaku tiba, aku krungu swara sing ngomong karo aku nganggo basa Ibrani, ’Saul, Saul, ngapa kok kowé nganiaya aku? Nèk kowé terus nglawan aku,* kowé nglarani awakmu dhéwé.’ 15 Ning aku takon, ’Njenengan sapa, Pak?’ Terus, dhèwèké njawab, ’Aku Yésus, sing mbok aniaya.
-