-
Kisah 11:5-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 ”Ing kutha Yopa, wektu aku lagi ndonga, aku éntuk wahyu. Aku ndelok ana kaya kain linèn amba mudhun saka langit lan pucuké papat kaya dicekeli. Kain kuwi mudhun persis ing ngarepku.+ 6 Pas tak deloki tenanan, jebulé ing kono ana kéwan-kéwan sikil papat, kéwan-kéwan liar, kéwan-kéwan sing nggremet* ing lemah, lan manuk-manuk ing langit. 7 Aku ya krungu ana swara sing kandha, ’Ngadega, Pétrus. Belèhen, terus panganen kéwan-kéwan kuwi.’ 8 Ning, aku njawab, ’Gusti, aku kan ora tau mangan apa sing haram lan najis. Aku ora mungkin mangan kuwi.’ 9 Swara saka langit kuwi ngomong manèh, ’Nèk Gusti Allah wis nganggep kuwi suci, kowé ora éntuk nganggep kuwi haram manèh.’ 10 Kuwi kelakon nganti ping telu, terus kabèh kuwi langsung keangkat menyang langit.
-