-
Kisah 10:10-16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Ning, Pétrus ngrasa ngelih* banget lan péngin mangan. Wektu panganané isih disiapké, dhèwèké éntuk wahyu.+ 11 Dhèwèké ndelok langit kebukak lan ana kaya kain linèn amba mudhun ing bumi lan pucuké papat kaya dicekeli. 12 Ing njeroné ana kabèh jenis kéwan sikil papat, kéwan sing nggremet* ing lemah, lan manuk-manuk ing langit. 13 Terus, ana swara sing kandha, ”Ngadega, Pétrus. Belèhen, terus panganen kéwan-kéwan kuwi.” 14 Ning, Pétrus kandha, ”Gusti, aku kan ora tau mangan apa sing haram lan najis.+ Aku ora mungkin mangan kuwi.” 15 Terus, swara kuwi ngomong manèh, ”Nèk Gusti Allah wis nganggep kuwi suci, kowé ora éntuk nganggep kuwi haram manèh.” 16 Kuwi kelakon nganti ping telu, terus kain kuwi langsung keangkat menyang langit.
-