PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Lukas 4:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ’Mung Yéhuwah* Gusti Allahmu sing kudu mbok sembah, lan mung marang Dhèwèké kowé kudu ngabdi.’”*+

  • Kisah 14:12-15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Terus, Barnabas disebut Zéus lan Paulus disebut Hèrmes merga Paulus sing luwih akèh ngomong. 13 Kuilé Zéus ana ing cedhak gerbang kutha. Mula, imamé Zéus nggawa sapi lanang lan hiasan kembang* menyang gerbang kuwi. Imam lan wong akèh kuwi péngin mènèhké korban marang Paulus lan Barnabas.

      14 Ning wektu krungu kuwi, Rasul Barnabas lan Rasul Paulus nyuwèk klambiné lan langsung mlayu marani wong akèh mau karo mbengok, 15 ”Ngapa kowé nindakké iki? Aku iki ya manungsa sing nduwé kekurangan kaya kowé.+ Aku lagi martakké kabar apik marang kowé supaya kowé ninggalké perkara-perkara sing ora ana gunané iki lan nyembah Gusti Allah sing urip, sing nggawé langit, bumi, laut, lan kabèh isiné.+

  • Wahyu 19:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Terus, aku sujud ing ngarep sikilé malaékat kuwi kanggo nyembah dhèwèké. Ning, malaékat kuwi kandha, ”Aja. Aku aja mbok sembah.+ Sembahen Gusti Allah.+ Aku iki ya mung budhak kaya kowé lan kaya sedulur-sedulurmu sing nduwé tugas kanggo mènèhi kesaksian soal Yésus.+ Sebab, tujuané ramalan-ramalan yaiku kanggo mènèhi kesaksian soal Yésus.”+

  • Wahyu 22:8, 9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Aku, Yohanes, aku dhéwé sing krungu lan ndelok kabèh kuwi. Sakwisé krungu lan ndelok kuwi, aku sujud kanggo nyembah malaékat sing nduduhké kabèh kuwi marang aku. 9 Ning, dhèwèké ngandhani aku, ”Aja! Aku aja mbok sembah. Sembahen Gusti Allah.+ Aku iki ya mung budhak kaya kowé lan kaya sedulur-sedulurmu, yaiku para nabi lan kabèh wong sing manut karo kata-kata ing gulungan iki.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim