-
Yohanes 19:40-42Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
40 Terus, wong-wong kuwi nggawa mayaté Yésus lan mbungkus nganggo linèn lan rempah-rempah mau,+ kaya kebiasaané wong Yahudi kanggo ngubur wong mati. 41 Ing cedhak panggonané Yésus dihukum mati,* ana taman. Ing taman kuwi ana kuburan anyar.+ Kuburan kuwi durung tau ana sing nganggo. 42 Merga kuburan kuwi cedhak, lan dina kuwi wong Yahudi ya kudu nggawé persiapan+ kanggo Perayaan Roti Tanpa Ragi, mula Yésus dikubur ing kono.
-