PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kisah 13:50
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 50 Ning, wong Yahudi ngojok-ojoki wong-wong penting ing kutha kuwi, termasuk wong-wong wédok sing taat ngibadah lan wong-wong lanang liyané. Akibaté, Paulus lan Barnabas dianiaya+ lan diusir saka dhaérah kuwi.

  • 1 Korintus 15:30, 31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 Kanggo apa aku terus-terusan ngadhepi bahaya?+ 31 Saben dina aku ngadhepi kematian. Sedulur-sedulur, aku ora ngapusi wektu ngomongké iki, kaya aku ora ngapusi wektu aku ngomong nèk aku bangga karo kowé, murid-muridé Kristus Yésus Gustiné awaké dhéwé.

  • 2 Korintus 11:23-26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Apa wong-wong kuwi abdiné Kristus? Aku bakal ngomong kaya wong sing ora waras, aku luwih hébat timbang wong-wong kuwi. Aku nyambut gawé luwih tenanan,+ luwih kerep dipenjara,+ digebugi bola-bali nganti ora isa diétung, lan kerep mèh mati.+ 24 Wis ping lima aku digebugi wong Yahudi,+ lan saben digebugi, aku digebugi nganti ping 39. 25 Ping telu aku digebugi nganggo tongkat,+ ping pisan dibandhemi* watu,+ ping telu ngalami kapal karam,+ lan sedina muput ana ing tengah-tengah laut. 26 Ing perjalanan, aku kerep ngadhepi bahaya ing kali lan bahaya saka perampok, wong-wong sing sak bangsa,+ lan wong-wong saka bangsa liya.+ Aku ya ngadhepi bahaya ing kutha,+ ing padhang belantara, ing laut, lan ing antarané sedulur-sedulur palsu.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim