2 Wong-wong bakal ngusir kowé saka sinagogé.*+ Malah, bakal tekan wektuné, wong-wong sing matèni kowé+ bakal ngira nèk wong kuwi wis nindakké tugas suci saka Gusti Allah.
3 Ning, Saul mulai nganiaya sedulur-sedulur nganggo cara sing kejem. Saben omah dileboni, wong lanang lan wong wédok disèrèt metu lan dilebokké penjara.+
13 Kowé mesthi wis krungu soal tumindakku wektu agamaku isih agama Yahudi.*+ Aku kejem banget* wektu nganiaya lan ngupaya nyingkirké jemaaté Gusti Allah.+
13 Aku diwènèhi tugas kuwi senajan aku mbiyèn wong sing ngrèmèhké Gusti Allah, nganiaya umaté, lan wong sing sombong banget.+ Wektu kuwi aku ora ngerti apa sing tak tindakké lan aku ora nduwé iman. Ning senajan ngono, Kristus apikan banget karo aku.