PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kisah 8:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Ning, Saul mulai nganiaya sedulur-sedulur nganggo cara sing kejem. Saben omah dileboni, wong lanang lan wong wédok disèrèt metu lan dilebokké penjara.+

  • Kisah 9:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Saul isih terus ngancem murid-muridé Gusti lan nduwé tékad arep matèni wong-wong kuwi.+ Dhèwèké marani imam agung 2 lan njaluk surat kanggo diwènèhké marang sinagogé-sinagogé* ing Damaskus. Surat kuwi dadi bukti nèk dhèwèké wis diwènèhi wewenang kanggo nangkep lan nggawa menyang Yérusalèm para pengikuté Dalan sing Bener,*+ embuh kuwi wong lanang utawa wédok.

  • Kisah 22:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Mula mbiyèn, wong-wong sing dadi pengikuté Dalan sing Bener* tak aniaya nganti mati, embuh kuwi wong lanang utawa wédok.+ Kabèh tak talèni tangané, terus tak lebokké penjara.

  • Kisah 26:9-11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Mbiyèn, aku ya yakin banget nèk embuh piyé carané, Yésus wong Nazarèt kuwi kudu tak lawan. 10 Ya kuwi sing tak tindakké ing Yérusalèm. Aku éntuk wewenang saka para imam kepala,+ mula akèh murid-murid* sing tak lebokké penjara.+ Aku ya ndhukung keputusan kanggo ngukum mati wong-wong kuwi. 11 Aku kerep nganiaya wong-wong kuwi ing sinagogé-sinagogé* lan meksa wong-wong kuwi ninggalké imané. Saking sengité, wong-wong kuwi tak oyak* nganti tekan kutha-kutha liyané bèn isa tak aniaya.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim