PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kisah 8:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Ning, Saul mulai nganiaya sedulur-sedulur nganggo cara sing kejem. Saben omah dileboni, wong lanang lan wong wédok disèrèt metu lan dilebokké penjara.+

  • Kisah 22:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Mula mbiyèn, wong-wong sing dadi pengikuté Dalan sing Bener* tak aniaya nganti mati, embuh kuwi wong lanang utawa wédok.+ Kabèh tak talèni tangané, terus tak lebokké penjara.

  • Kisah 26:10, 11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Ya kuwi sing tak tindakké ing Yérusalèm. Aku éntuk wewenang saka para imam kepala,+ mula akèh murid-murid* sing tak lebokké penjara.+ Aku ya ndhukung keputusan kanggo ngukum mati wong-wong kuwi. 11 Aku kerep nganiaya wong-wong kuwi ing sinagogé-sinagogé* lan meksa wong-wong kuwi ninggalké imané. Saking sengité, wong-wong kuwi tak oyak* nganti tekan kutha-kutha liyané bèn isa tak aniaya.

  • Galatia 1:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Kowé mesthi wis krungu soal tumindakku wektu agamaku isih agama Yahudi.*+ Aku kejem banget* wektu nganiaya lan ngupaya nyingkirké jemaaté Gusti Allah.+

  • 1 Timotius 1:12, 13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Aku ngucap syukur marang Kristus Yésus Gustiné awaké dhéwé sing mènèhi aku kuwasa, merga dhèwèké nganggep aku setya lan mènèhi aku tugas kanggo nglayani.+ 13 Aku diwènèhi tugas kuwi senajan aku mbiyèn wong sing ngrèmèhké Gusti Allah, nganiaya umaté, lan wong sing sombong banget.+ Wektu kuwi aku ora ngerti apa sing tak tindakké lan aku ora nduwé iman. Ning senajan ngono, Kristus apikan banget karo aku.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim