PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Korintus 16:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Saiki, aku péngin ngomongké soal nglumpukké sumbangan kanggo wong-wong suci.+ Kowé isa manut karo petunjuk sing wis tak wènèhké marang jemaat-jemaat ing Galatia.

  • 2 Korintus 8:1-4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Sedulur-sedulur, saiki aku péngin kowé ngerti soal sifaté Gusti Allah sing apikan banget, sing diduduhké marang jemaat-jemaat ing Makédonia.+ 2 Saksuwéné wong-wong kuwi ngalami kesusahan sing abot banget, wong-wong kuwi tetep bahagia lan murah hati senajan wong-wong kuwi mlarat banget. 3 Wong-wong kuwi mènèhi bantuan menurut kesanggupané,+ lan malah ngluwihi kesanggupané. Aku dhéwé seksiné.+ 4 Wong-wong kuwi terus njaluk marang aku supaya éntuk kesempatan kanggo nyumbang lan mènèhi bantuan marang wong-wong suci.+ Kuwi kabèh ditindakké merga kepénginané wong-wong kuwi dhéwé.

  • 2 Korintus 9:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 merga aku ngerti nèk kowé réla mbantu. Aku ngalem kowé ing ngarepé sedulur-sedulur ing Makédonia. Aku crita nèk kowé sing ana ing Akhaya* wis siap mbantu kèt taun wingi. Merga kowé bener-bener réla, sedulur-sedulur kuwi ya niru kowé sing réla.

  • 2 Korintus 9:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Bantuan iki ora mung mbantu nyukupi kebutuhané wong-wong suci.+ Bantuan iki ya nggawé akèh wong ngucap syukur marang Gusti Allah.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim