-
Roma 15:26, 27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 merga sedulur-sedulur ing Makédonia lan Akhaya seneng mènèhi sumbangan kanggo wong-wong suci sing mlarat ing Yérusalèm.+ 27 Sedulur-sedulur kuwi seneng mènèhi sumbangan, lan sakjané ngrasa wajib* nindakké kuwi. Wong-wong suci ing Yérusalèm wis mbagi berkahé marang sedulur-sedulur kuwi, mula sedulur-sedulur kuwi ya ngrasa wajib nyukupi kebutuhané wong-wong suci kuwi.+
-
-
2 Korintus 8:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Aku péngin bèn bebané dadi rata. Kelebihanmu bakal nutupi kekurangané wong-wong kuwi, lan kelebihané wong-wong kuwi ya bakal nutupi kekuranganmu.
-