-
Roma 15:26, 27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 merga sedulur-sedulur ing Makédonia lan Akhaya seneng mènèhi sumbangan kanggo wong-wong suci sing mlarat ing Yérusalèm.+ 27 Sedulur-sedulur kuwi seneng mènèhi sumbangan, lan sakjané ngrasa wajib* nindakké kuwi. Wong-wong suci ing Yérusalèm wis mbagi berkahé marang sedulur-sedulur kuwi, mula sedulur-sedulur kuwi ya ngrasa wajib nyukupi kebutuhané wong-wong suci kuwi.+
-
-
Filipi 4:15-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Sedulur-sedulur ing Filipi, kowé wis ngerti nèk wektu aku mangkat saka Makédonia sakwisé kowé pertama kali sinau soal kabar apik, mung kowé jemaat sing mbantu aku lan gelem nampa bantuanku.+ 16 Pas aku ana ing Tésalonika, kowé ngirim bantuan kanggo aku, ora mung ping pisan, ning ping loro. 17 Iki ora berarti aku péngin éntuk hadiah saka kowé. Ning, aku péngin kowé seneng mènèhi bèn kowé éntuk akèh manfaat.
-