-
Roma 4:11, 12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Gusti Allah ngongkon dhèwèké disunat, lan iki dadi tandha*+ nèk Abraham dianggep bener merga dhèwèké wis nduwé iman sakdurungé disunat. Mula, Abraham dadi bapaké kabèh wong sing nduwé iman+ senajan kabèh wong kuwi ora disunat. Kabèh wong kuwi dianggep bener karo Gusti Allah. 12 Dadi, Abraham, bapaké awaké dhéwé, dudu mung bapaké wong sing disunat. Dhèwèké kuwi ya bapaké kabèh wong sing niru imané, yaiku iman sing diduwèni Abraham+ kèt dhèwèké durung disunat.
-