-
Kisah 25:10-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Ning Paulus njawab, ”Aku saiki lagi ngadeg ing ngarepé kursi pengadilan Kaisar. Ya ing kéné iki kuduné aku diadili. Aku ora tumindak salah marang wong Yahudi, lan njenengan mesthi ya ngerti soal iki. 11 Nèk aku pancèn tumindak salah sing nggawé aku pantes dihukum mati,+ aku ora bakal njaluk supaya dibébaské saka hukuman kuwi. Ning, nèk kabèh sing ditudhuhké marang aku kuwi ora bener, ora ana wong sing nduwé hak kanggo nyerahké aku marang wong-wong kuwi mung merga bèn isa nuruti sing dijaluk wong-wong kuwi. Aku njaluk bandhing marang Kaisar.”+ 12 Mula, sakwisé rembugan karo para penaséhaté, Fèstus njawab, ”Kowé njaluk bandhing marang Kaisar, ya wis, kowé bakal lunga marang Kaisar.”
-