22 Wong sing dituntun roh suci bakal nduwé katresnan, bahagia, tentrem, sabar, apikan, nindakké apa sing bener,+ nduwé iman, 23 nduwé watak sing alus, lan isa ngendhalèni dhiri.+ Ora ana hukum sing nglawan sifat-sifat kuwi.
12 Mula, merga awaké dhéwé wong-wong pilihané Gusti Allah,+ sing suci lan ditresnani, awaké dhéwé kudu sayang karo liyané, nduwé rasa mesakké,+ apikan, rendah hati,+ nduwé watak sing alus,+ lan sabar.+
15 Kowé kudu ngakoni ing atimu nèk Kristus kuwi Gusti lan dhèwèké kuwi suci. Kowé kudu siap mènèhi jawaban marang wong-wong sing takon karo kowé soal harapanmu. Ning, kowé kudu alus+ lan ngajèni wektu njawab.+