17 Bar kuwi, Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar.+ Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”+ Wong-wong kuwi kagum karo jawabané Yésus.
13Pamréntah éntuk kuwasa saka Gusti Allah,+ mula kabèh wong kudu manut karo pamréntah.+ Pamréntah sing saiki ana diwènèhi kedudukan sing béda-béda karo Gusti Allah.+
13 Demi Gustiné awaké dhéwé, kowé kudu manut karo kabèh pamréntahané manungsa,+ termasuk marang raja+ sing kuwasané luwih gedhé timbang kowé 14 utawa marang gubernur, sing diutus Gusti Allah kanggo ngukum wong-wong sing nindakké apa sing jahat lan kanggo muji wong-wong sing nindakké apa sing apik.+