-
Wilangan 18:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Saka antarané kabèh wong Israèl, Aku wis mènèhké sedulur-sedulurmu yaiku wong Lèwi marang kowé. Aku ya mènèhké wong-wong kuwi dadi hadiah kanggo kowé,+ anak-anakmu lanang, lan kabèh keturunanmu. Wong-wong kuwi duwèké Yéhuwah lan bakal nindakké tugas ing kémah pertemuan.+ 7 Kowé lan anak-anakmu lanang kudu nindakké tugas-tugasé imam sing ana hubungané karo mézbah lan Ruang Mahasuci.*+ Kowé lan anak-anakmu lanang sing kudu nindakké tugas kuwi.+ Aku wis mènèhké tugas kuwi dadi kehormatan kanggo kowé lan anak-anakmu lanang. Wong sing dudu imam* sing mara nyedhaki panggonan suci kudu dipatèni.”+
-