-
1 Korintus 6:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing ora bener ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah?+ Aja ngapusi awakmu dhéwé.* Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,*+ wong sing nyembah brahala,+ wong sing laku jina,+ wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo wong lanang,*+ 10 wong sing nyolong, wong sing srakah,+ wong sing seneng mabuk,+ wong sing seneng ngrèmèhké,* lan wong sing ngrampok ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah.+
-
-
Galatia 5:19-21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Tumindak saka kepénginan sing salah kuwi kétok jelas, yaiku hubungan sèks sing ora pantes,*+ tumindak sing najis, tumindak kurang ajar,*+ 20 nyembah brahala, nindakké spiritisme,*+ mungsuhan, seneng padu, gampang curiga, gampang nesu, seneng debat, ora rukun, nggawé kelompok-kelompok agama, 21 iri, seneng mabuk,+ pésta bébas, lan liya-liyané.+ Aku ngélikké kowé manèh: Wong-wong sing terus nindakké kuwi ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah.+
-
-
Wahyu 21:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Ning wong sing ora kendel, sing ora nduwé iman,+ sing najis lan njijiki, sing seneng matèni,+ sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,*+ sing nindakké spiritisme,* sing nyembah brahala, lan kabèh wong sing seneng ngapusi+ bakal diuncalké ing danau geni lan belérang sing geniné murub.+ Iki artiné kematian sing keloro.”+
-