Mazmur
94 Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi Gusti Allah sing mbales wong jahat.+
Oh Gusti Allah sing mbales wong jahat, duduhna kemuliaan-Mu.
2 Oh Gusti Allah sing ngadili bumi,+ tulung Njenengan tumindak.
Tulung wong-wong sing sombong dihukum merga kelakuané sing jahat.+
3 Oh Yéhuwah, nganti kapan wong jahat ngrasa seneng?+
Nganti kapan?
4 Saka omongané, kétok nèk wong-wong kuwi bodho lan sombong.
Kabèh wong sing nindakké kejahatan padha rumangsa hébat.
5 Oh Yéhuwah, wong-wong kuwi nindhes+
Lan nggawé susah umat-Mu.
6 Wong-wong kuwi matèni randha,
Wong asing, lan bocah yatim.
7 Wong-wong kuwi ngomong, ”Yah ora ndelok.+
Gusti Allahé Yakub ora ngerti soal kuwi.”+
8 Wong sing ora isa nalar, kowé kudu ngerti soal iki.
Wong sing bodho, kapan kowé bakal paham?+
9 Mosok sing nggawé kuping ora isa ngrungokké?
Mosok sing nggawé mripat ora isa ndelok?+
10 Mosok sing nyenèni bangsa-bangsa ora isa ngandhani sing bener?+
Dhèwèké sing nggawé wong-wong nduwé pengetahuan.+
11 Yéhuwah ngerti pikirané manungsa.
Dhèwèké ngerti nèk pikirané manungsa kuwi ora ana gunané.+
12 Oh Yah, wong sing mbok korèksi+
Lan sing mbok ajari soal hukum-Mu kuwi wong sing bahagia,+
13 Bèn dhèwèké tetep tenang wektu ngalami kesusahan
Nganti lubang digali kanggo njebak wong jahat.+
15 Keadilan bakal ana manèh,
Lan kuwi bakal didhukung karo wong sing bener.
16 Sapa sing bakal mbéla aku nglawan wong jahat?
Sapa sing bakal ndhukung aku nglawan wong sing nindakké kejahatan?
17 Nèk Yéhuwah ora nulungi aku,
Mesthi saiki aku wis mati.+
20 Njenengan ora bakal kerja sama karo pemimpin* sing jahat
Merga wong kuwi nggunakké hukum kanggo nggawé masalah.+
21 Wong kuwi kejem banget wektu nyerang wong sing bener+
22 Ning, Yéhuwah bakal dadi panggonan berlindung* sing aman kanggo aku.
Gusti Allahku kuwi gunung watu sing nglindhungi aku.+
23 Gusti Allah bakal nggawé kejahatané wong kuwi mbalik ing wong kuwi dhéwé.+
Gusti Allah bakal matèni wong kuwi nganggo kejahatané wong kuwi dhéwé.
Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé bakal matèni wong kuwi.+