PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yèhèzkièl 21
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yèhèzkièl

      • Gusti Allah bakal ngetokké pedhangé saka wadhahé (1-17)

      • Raja Babilon bakal nyerang Yérusalèm (18-24)

      • Para pemimpin Israèl sing jahat bakal dihukum (25-27)

        • ”Copoten mahkotamu” (26)

        • ”Nganti wong sing nduwé hak sing sah teka” (27)

      • Pedhang kanggo nyerang wong Ammon (28-32)

Yèhèzkièl 21:3

Réferènsi Silang

  • +Km 26:33

Yèhèzkièl 21:5

Réferènsi Silang

  • +Yér 23:20

Yèhèzkièl 21:6

Réferènsi Silang

  • +Yés 22:4; Yér 4:19; Yèh 9:8

Yèhèzkièl 21:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, merga saking kewedèné nganti kepuyuh-puyuh.

Réferènsi Silang

  • +Yèh 7:15-17

Yèhèzkièl 21:9

Réferènsi Silang

  • +Yés 66:16; Yér 12:12; Am 9:4

Yèhèzkièl 21:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, pedhangé Yéhuwah.

Réferènsi Silang

  • +PD 49:10; 2Sam 7:12, 14

Yèhèzkièl 21:11

Réferènsi Silang

  • +Yér 25:9; 51:20

Yèhèzkièl 21:12

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”Ceblèken pupumu karo sedhih”.

Réferènsi Silang

  • +Yèh 9:8; Mi 1:8
  • +Yèh 19:1

Yèhèzkièl 21:13

Réferènsi Silang

  • +Yér 6:27
  • +2Raj 25:7; Yèh 19:14; 21:26

Yèhèzkièl 21:14

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:1, 2

Yèhèzkièl 21:15

Réferènsi Silang

  • +Yèh 21:7

Yèhèzkièl 21:17

Réferènsi Silang

  • +Yés 1:24; Yèh 5:13; 16:42

Yèhèzkièl 21:20

Réferènsi Silang

  • +Yér 49:2; Yèh 25:5; Am 1:14
  • +2Sam 5:9; 2Bb 26:9; 32:2, 5; 33:1, 14

Yèhèzkièl 21:22

Réferènsi Silang

  • +Yér 32:24; 52:4

Yèhèzkièl 21:23

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, penduduk Yérusalèm.

  • *

    Mungkin marang wong Babilon.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 36:11, 13; Yèh 17:13
  • +2Raj 25:6, 7

Yèhèzkièl 21:25

Réferènsi Silang

  • +2Bb 36:11, 13; Yér 24:8; 52:1, 2; Yèh 17:19

Yèhèzkièl 21:26

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:5-7; Yér 52:8, 11; Yèh 12:12, 13
  • +Yèh 21:13
  • +Mzm 75:7; Dan 4:17
  • +Dan 4:37; Luk 21:24

Yèhèzkièl 21:27

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”Mahkota”, mungkin maksudé pamréntahan.

Réferènsi Silang

  • +PD 49:10; Mzm 89:3, 4; 110:1; Yés 9:6; 11:10; Luk 1:32, 33; Why 5:5
  • +Mzm 2:6, 8; Dan 7:13, 14; Luk 22:29

Yèhèzkièl 21:30

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”ing panggonan kowé diciptakké”.

Yèhèzkièl 21:31

Réferènsi Silang

  • +Yèh 25:5

Yèhèzkièl 21:32

Réferènsi Silang

  • +Yér 49:2, 3

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yèh. 21:3Km 26:33
Yèh. 21:5Yér 23:20
Yèh. 21:6Yés 22:4; Yér 4:19; Yèh 9:8
Yèh. 21:7Yèh 7:15-17
Yèh. 21:9Yés 66:16; Yér 12:12; Am 9:4
Yèh. 21:10PD 49:10; 2Sam 7:12, 14
Yèh. 21:11Yér 25:9; 51:20
Yèh. 21:12Yèh 9:8; Mi 1:8
Yèh. 21:12Yèh 19:1
Yèh. 21:13Yér 6:27
Yèh. 21:132Raj 25:7; Yèh 19:14; 21:26
Yèh. 21:142Raj 25:1, 2
Yèh. 21:15Yèh 21:7
Yèh. 21:17Yés 1:24; Yèh 5:13; 16:42
Yèh. 21:20Yér 49:2; Yèh 25:5; Am 1:14
Yèh. 21:202Sam 5:9; 2Bb 26:9; 32:2, 5; 33:1, 14
Yèh. 21:22Yér 32:24; 52:4
Yèh. 21:232Bb 36:11, 13; Yèh 17:13
Yèh. 21:232Raj 25:6, 7
Yèh. 21:252Bb 36:11, 13; Yér 24:8; 52:1, 2; Yèh 17:19
Yèh. 21:262Raj 25:5-7; Yér 52:8, 11; Yèh 12:12, 13
Yèh. 21:26Yèh 21:13
Yèh. 21:26Mzm 75:7; Dan 4:17
Yèh. 21:26Dan 4:37; Luk 21:24
Yèh. 21:27PD 49:10; Mzm 89:3, 4; 110:1; Yés 9:6; 11:10; Luk 1:32, 33; Why 5:5
Yèh. 21:27Mzm 2:6, 8; Dan 7:13, 14; Luk 22:29
Yèh. 21:31Yèh 25:5
Yèh. 21:32Yér 49:2, 3
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yèhèzkièl 21:1-32

Yèhèzkièl

21 Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, deloken Yérusalèm. Umumna ramalan soal panggonan-panggonan suci lan apa sing bakal kelakon ing Israèl. 3 Kandhanana tanah Israèl, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aku bakal nglawan kowé. Aku bakal ngetokké pedhang-Ku saka wadhahé+ lan matèni wong sing bener lan sing jahat ing antaramu. 4 Merga Aku bakal matèni wong sing bener lan sing jahat ing antaramu, pedhang-Ku bakal Tak tokké saka wadhahé kanggo nglawan kabèh wong saka kidul tekan lor. 5 Kabèh wong bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, wis ngetokké pedhang-Ku saka wadhahé lan ora bakal Tak lebokké manèh.”’+

6 ”Hé kowé anaké manungsa, kowé kudu sambat karo kewedèn ing ngarepé wong-wong kuwi. Pas sambat, duduhna nèk kowé sedhih banget.+ 7 Nèk kowé ditakoni, ’Ngapa kok kowé sambat?’ jawaben, ’Merga aku dikandhani soal apa sing bakal kelakon.’ Kuwi mesthi kelakon. Atiné saben wong bakal kewedèn, lan tangané dadi lemes. Saben wong bakal putus asa, lan dhengkulé padha teles.*+ ’Kuwi mesthi bakal dadi kenyataan lan mesthi bakal kelakon,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

8 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 9 ”Hé anaké manungsa, sampèkna ramalan, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Pedhang. Pedhang+ wis diasah lan digosok nganti mengkilap. 10 Pedhang kuwi diasah kanggo matèni wong akèh banget lan digosok bèn mengkilap kaya kilat.”’”

Wong-wong kandha, ”Aku bakal seneng.”

Ning, Gusti Allah kandha, ”’Pedhang kuwi* wis nugel wit-wit liyané, mula pedhang kuwi mesthi ya bakal nugel tongkat kekuasaané anak-Ku+ dhéwé.

11 ”’Pedhang kuwi Tak serahké bèn digosok lan siap digunakké kanggo matèni. Pedhang kuwi wis diasah lan digosok. Pedhang kuwi siap diserahké marang algojo+ sing arep matèni.

12 ”’Hé anaké manungsa, mbengoka+ lan nangisa sing banter merga pedhang kuwi nglawan umat-Ku. Kuwi nglawan para pemimpiné Israèl.+ Para pemimpin kuwi lan umat-Ku bakal dadi korbané. Duduhna nèk kowé sedhih banget.* 13 Umat-Ku wis dipriksa.+ Mula, apa sing bakal kelakon nèk pedhang kuwi nugel tongkat kekuasaan mau? Tongkat kuwi bakal lenyap,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

14 ”Hé kowé anaké manungsa, sampèkna ramalan, lan keplok-keploka. Ngomonga, ’Pedhang,’ nganti ping telu. Kuwi pedhang sing matèni wong. Pedhang kuwi matèni wong akèh banget. Pedhang kuwi ngepung wong-wong kuwi.+ 15 Wong-wong kuwi bakal kewedèn,+ lan akèh sing bakal mati ing gerbang-gerbang kutha. Aku bakal matèni wong akèh banget nganggo pedhang kuwi. Pedhang kuwi mengkilap kaya kilat lan digosok bèn isa dienggo matèni. 16 Hé pedhang, nyabeta ngiwa nengen. Nyabeta ing endi waé kowé diarahké. 17 Aku ya bakal keplok-keplok lan mènèhi hukuman nganti Aku puas, bar kuwi Aku ora bakal nesu manèh.+ Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi.”

18 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 19 ”Hé anaké manungsa, nggambara dalan loro sing bakal diliwati pedhangé raja Babilon. Dalan loro kuwi saka negara sing padha. Pasangen tandha ing panggonan dalan kuwi mulai nyabang dadi loro. 20 Dalan sing siji ngarah ing Raba+ kuthané wong Ammon lan sing sijiné ngarah ing Yérusalèm+ sing ana bèntèngé ing Yéhuda. Dalan kuwi bakal diliwati pedhang mau. 21 Raja Babilon bakal mandheg lan ngramal ing persimpangan dalan kuwi, yaiku ing panggonan dalan kuwi mulai nyabang dadi loro. Panahé dikocok-kocok. Dhèwèké njaluk tuntunan marang brahalané lan nggolèk tandha nganggo ati kéwan. 22 Ing tangan tengené, ana ramalan sing nduduhké nèk dhèwèké kudu menyang Yérusalèm, nyiapké alat kanggo ndhobrak, mènèhi préntah kanggo matèni, ngumumké nèk bakal ana perang, masang alat kanggo ndhobrak ing gerbang-gerbang, mbangun kubu pengepungan, lan ngedegké témbok pengepungan.+ 23 Ning, wong-wong* sing wis sumpah arep setya marang wong-wong kuwi* nganggep nèk kuwi ramalan palsu.+ Tapi, raja Babilon bakal éling terus karo kesalahané wong-wong kuwi lan bakal nangkep wong-wong kuwi.+

24 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kowé dhéwé sing nyebabké dosamu diéling-éling terus, yaiku wektu kesalahan lan dosamu disingkapké, lan kuwi kétok saka kabèh tumindakmu. Saiki, kowé bakal terus diéling-éling lan bakal dipeksa mèlu wong-wong kuwi.’

25 ”Ning kowé, hé para pemimpin Israèl sing jahat,+ saiki kowé kaya wong sing arep mati. Saiki wis wektuné kowé kabèh dihukum. 26 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Uculana serbanmu, lan copoten mahkotamu.+ Keadaané saiki wis berubah.+ Wong sing penting bakal direndhahké,+ lan wong biasa bakal diunggulké.+ 27 Reruntuhan, reruntuhan. Kuwi* bakal Tak dadèkké reruntuhan. Kuwi ora bakal dadi duwèké sapa-sapa nganti wong sing nduwé hak sing sah teka.+ Aku bakal mènèhké kuwi marang dhèwèké.’+

28 ”Hé kowé anaké manungsa, sampèkna ramalan, lan kandhaa, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah soal wong Ammon lan omongané sing ngrèmèhké.’ Ngomonga, ’Pedhang. Pedhang wis ditokké kanggo matèni wong akèh banget. Pedhang kuwi mengkilap kaya kilat lan digosok bèn isa dienggo matèni. 29 Wahyu-wahyu lan ramalan soal kowé kuwi palsu lan ora bener. Rakyatmu sing mati bakal ditumpuk-tumpuk karo mayat liyané, yaiku wong-wong jahat. Saiki wis wektuné wong-wong jahat kuwi dihukum. 30 Balèkna pedhang kuwi ing wadhahé. Kowé bakal Tak adili ing panggonan asalmu,* ing dhaérah asalmu. 31 Aku bakal ngukum kowé merga Aku nesu. Rasa nesu-Ku bakal ngobong kowé kaya geni. Aku bakal nyerahké kowé marang wong-wong sing kejem, sing ahli matèni wong.+ 32 Kowé bakal diobong.+ Kowé bakal dipatèni ing tanahmu dhéwé. Kowé ora bakal diéling-éling manèh nganti saklawasé, merga Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi.’”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim