Ayub
34 Èlihu neruské omongané,
2 ”Njenengan sing wicaksana, tulung rungokna aku.
Njenengan sing ngerti akèh, tulung rungokna aku.
3 Kuping dienggo nguji kata-kata,
Kaya ilat dienggo ngrasakké panganan.
4 Ayo padha mastèkké endi sing bener.
Ayo padha mutuské endi sing apik,
5 Merga Ayub kandha, ’Aku ora salah,+
Tapi Gusti Allah ora adil marang aku.+
6 Apa aku kudu ngapusi lan ngomong nèk aku pancèn pantes dihukum?
Lukaku ora isa mari senajan aku ora nggawé dosa.’+
7 Apa ana wong sing kaya Ayub,
Sing nrima wektu diécé?*
8 Ayub kekancan karo wong sing kelakuané ora bener
Lan bergaul karo wong jahat.+
9 Dhèwèké kandha, ’Ora ana gunané manungsa
Ngupaya nyenengké Gusti Allah.’+
10 Mula, njenengan sing akèh pemahamané, tulung rungokna aku.
11 Gusti Allah mbales manungsa sesuai karo tumindaké+
Lan nggawé manungsa ngrasakké akibat saka kelakuané.
12 Gusti Allah mesthi ora bakal tumindak jahat.+
Sing Mahakuwasa mesthi adil.+
13 Sapa sing ngongkon Gusti Allah ngopèni bumi,
Lan sapa sing ngongkon Dhèwèké nguwasani bumi?
14 Nèk Dhèwèké mungsuhi manungsa,
Terus njupuk nyawa lan napasé manungsa,+
15 Kabèh manungsa* bakal langsung mati
Lan bali dadi debu.+
16 Dadi, nèk njenengan nduwé pemahaman, tulung gatèkna.
Rungokna tenanan omonganku.
17 Wong sing ora seneng karo apa sing ora adil ora mungkin isa mréntah.
Dadi ngapa kok kowé nyalahké Sing Mahakuwasa sing adil?
18 Apa njenengan wani ngomong karo raja, ’Njenengan ora ana gunané,’
Utawa ngomong karo pejabat, ’Njenengan jahat’?+
19 Gusti Allah ora mihak pejabat endi waé,
Ora mbédakké wong sugih karo wong mlarat,+
Merga kabèh kuwi ciptaané Gusti Allah.+
20 Wong-wong kuwi isa waé ujug-ujug mati+ pas tengah wengi.+
Wong-wong kuwi ndredheg, terus mati.
Malah wong-wong sing kuwat disingkirké, ning sing nyingkirké dudu manungsa.*+
21 Gusti Allah nggatèkké kelakuané manungsa,+
Lan Dhèwèké ndelok kabèh tumindaké.
22 Wong sing jahat ora isa ndhelik
Senajan ing panggonan sing peteng banget.+
23 Gusti Allah ora nentokké wektu kanggo manungsa
Bèn ngadhep Gusti Allah lan diadili.
24 Dhèwèké nyingkirké wong-wong sing nduwé kuwasa tanpa perlu nyelidiki dhisik.
Bar kuwi, Dhèwèké milih wong liya kanggo nggantèni wong-wong kuwi,+
25 Merga Dhèwèké ngerti tumindaké wong-wong kuwi.+
Dhèwèké nglèngsèrké wong-wong kuwi pas bengi, lan wong-wong kuwi dikalahké.+
28 Wong-wong kuwi nggawé wong mlarat sambat marang Gusti Allah.
Mula, Gusti Allah ngrungokké sambaté wong sing susah.+
29 Nèk Gusti Allah meneng waé, sapa sing isa nyalahké Dhèwèké?
Nèk Gusti Allah ora mènèhi berkah manèh, ora ana sing isa berharap ditulungi Dhèwèké.*
Ora soal Dhèwèké ora mberkahi manèh sak bangsa utawa wong siji, akhiré ya padha waé.
31 Ayub, njenengan kandha karo Gusti Allah,
’Aku dihukum padahal ora salah apa-apa.+
32 Tulung aku dikandhani soal apa sing ora tak ngertèni.
Nèk aku wis nggawé salah, kuwi ora bakal tak balèni manèh.’
33 Apa Gusti Allah kudu ngganti rugi apa sing wis njenengan alami sesuai karo karepé njenengan mung merga njenengan ora setuju karo keputusané?
Njenengan sing kudu mutuské apa sing bakal ditindakké, dudu aku.
Dadi, saiki omongna sing njenengan ngertèni.
34 Wong sing wicaksana* lan akèh pemahamané sing ngrungokké aku
Bakal kandha karo aku,
35 ’Ayub ngomong tanpa pengetahuan,+
Lan saka omongané, kétok nèk dhèwèké ora nduwé pemahaman.’
36 Bèn waé Ayub diuji* entèk-entèkan
Merga dhèwèké njawab kaya wong jahat.
37 Dhèwèké ora mung nggawé dosa, ning ya mbrontak.+
Ing ngarepku, dhèwèké keplok-keplok karo ngécé,
Lan dhèwèké akèh nudhuh Gusti Allah.”+