PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yèhèzkièl 10
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yèhèzkièl

      • Geni dijupuk saka antarané rodha-rodha (1-8)

      • Penjelasan soal kerub lan rodha (9-17)

      • Kemuliaané Yéhuwah pindhah saka lawang bait (18-22)

Yèhèzkièl 10:1

Réferènsi Silang

  • +Yés 6:1; Yèh 1:22, 26; Why 4:2, 3

Yèhèzkièl 10:2

Réferènsi Silang

  • +Yèh 9:2
  • +Yèh 1:16
  • +Yèh 1:13
  • +2Raj 25:8, 9

Yèhèzkièl 10:4

Réferènsi Silang

  • +Yèh 1:27, 28; 9:3
  • +Pa 40:35; 2Bb 5:13; Yèh 43:5

Yèhèzkièl 10:5

Réferènsi Silang

  • +Mzm 29:3, 4; Yèh 1:24; Yoh 12:28, 29

Yèhèzkièl 10:7

Réferènsi Silang

  • +Yèh 1:13
  • +Yèh 9:2

Yèhèzkièl 10:8

Réferènsi Silang

  • +Yèh 1:8

Yèhèzkièl 10:9

Réferènsi Silang

  • +Yèh 1:15-18

Yèhèzkièl 10:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Mungkin rodha-rodha kuwi ukurané padha.

Yèhèzkièl 10:12

Réferènsi Silang

  • +Why 4:6, 8

Yèhèzkièl 10:14

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, saben kerub.

Réferènsi Silang

  • +Yèh 1:6, 10; Why 4:7

Yèhèzkièl 10:15

Réferènsi Silang

  • +Yèh 1:3

Yèhèzkièl 10:16

Réferènsi Silang

  • +Yèh 1:19-21

Yèhèzkièl 10:18

Réferènsi Silang

  • +Yèh 1:27, 28
  • +Yèh 9:3; 10:4

Yèhèzkièl 10:19

Réferènsi Silang

  • +Yèh 11:22

Yèhèzkièl 10:20

Réferènsi Silang

  • +Yèh 1:1, 22

Yèhèzkièl 10:21

Réferènsi Silang

  • +Yèh 1:8

Yèhèzkièl 10:22

Réferènsi Silang

  • +Yèh 1:10
  • +Yèh 1:12; 10:11

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yèh. 10:1Yés 6:1; Yèh 1:22, 26; Why 4:2, 3
Yèh. 10:2Yèh 9:2
Yèh. 10:2Yèh 1:16
Yèh. 10:2Yèh 1:13
Yèh. 10:22Raj 25:8, 9
Yèh. 10:4Yèh 1:27, 28; 9:3
Yèh. 10:4Pa 40:35; 2Bb 5:13; Yèh 43:5
Yèh. 10:5Mzm 29:3, 4; Yèh 1:24; Yoh 12:28, 29
Yèh. 10:7Yèh 1:13
Yèh. 10:7Yèh 9:2
Yèh. 10:8Yèh 1:8
Yèh. 10:9Yèh 1:15-18
Yèh. 10:12Why 4:6, 8
Yèh. 10:14Yèh 1:6, 10; Why 4:7
Yèh. 10:15Yèh 1:3
Yèh. 10:16Yèh 1:19-21
Yèh. 10:18Yèh 1:27, 28
Yèh. 10:18Yèh 9:3; 10:4
Yèh. 10:19Yèh 11:22
Yèh. 10:20Yèh 1:1, 22
Yèh. 10:21Yèh 1:8
Yèh. 10:22Yèh 1:10
Yèh. 10:22Yèh 1:12; 10:11
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yèhèzkièl 10:1-22

Yèhèzkièl

10 Terus, ing ndhuwur lantai sing ana ing ndhuwur sirahé kerub-kerub kuwi, aku ndelok ana sing kétok kaya watu safir lan bentuké kaya takhta.+ 2 Bar kuwi, Gusti Allah kandha marang wong lanang sing nganggo klambi linèn kuwi,+ ”Mlebua ing antarané rodha-rodha,+ ing ngisoré kerub-kerub. Njupuka bara api sing murub+ saka antarané kerub-kerub kuwi, lan dèlèhna ing tanganmu loro-loroné, terus sebarna ing ndhuwuré kutha kuwi.”+ Mula aku ndelok wong lanang kuwi mlebu ing kono.

3 Pas wong lanang kuwi mlebu, kerub-kerub kuwi lagi ngadeg ing sebelah tengené bait, lan halaman njero bait ditutupi méga. 4 Terus, kemuliaané Yéhuwah+ munggah saka kerub-kerub kuwi lan pindhah menyang lawang bait. Saya suwé, bait kuwi ditutupi méga,+ lan halamané dikebaki cahaya kemuliaané Yéhuwah. 5 Swara sayapé kerub-kerub kuwi nganti tekan halaman njaba, kaya swarané Gusti Allah sing Mahakuwasa wektu lagi ngomong.+

6 Terus, Gusti Allah mréntahké wong lanang sing nganggo klambi linèn kuwi, ”Njupuka geni saka antarané rodha-rodha, saka antarané kerub-kerub.” Bar kuwi, wong lanang kuwi mlebu lan ngadeg ing samping rodha. 7 Terus, salah siji kerub ngulurké tangané ing geni sing ana ing antarané kerub-kerub kuwi.+ Bar njupuk geni kuwi sithik, kerub mau ndèlèhké kuwi ing tangané wong lanang sing nganggo klambi linèn mau.+ Bar nampani, wong lanang mau langsung lunga. 8 Ing ngisor sayapé kerub-kerub kuwi,+ ana sing kaya tangané manungsa.

9 Terus, aku ndelok ana rodha papat ing sampingé kerub-kerub kuwi. Ana rodha siji ing sampingé saben kerub. Rodha-rodha kuwi kétok bersinar kaya watu krisolit.+ 10 Papat-papaté kétok padha. Ing saben rodha, ana rodha manèh sing nyilang.* 11 Pas mlaku, rodha-rodha kuwi isa ing endi waé lan ora perlu ménggak-ménggok. Ing endi waé sirahé para kerub kuwi madhep, ya ing kono rodha-rodha kuwi ngetutké tanpa perlu ménggak-ménggok. 12 Ing sak awak, geger, tangan, lan sayapé kerub-kerub kuwi kebak mripat. Ing sampingé kerub papat kuwi ana rodha-rodha. Ing sak ubengé rodha-rodha kuwi ya kebak mripat.+ 13 Aku krungu ana swara sing mbengok marang rodha-rodha kuwi, ”Majua!”

14 Saben malaékat* kuwi wajahé ana papat. Wajah sing pertama wajah kerub, sing keloro wajah manungsa, sing ketelu wajah singa, lan sing kepapat wajah elang.+

15 Kuwi malaékat-malaékat sing padha karo sing tak delok ing Kali Khébar.+ Kerub-kerub kuwi isa munggah. 16 Nèk kerub-kerub kuwi mlaku, rodha-rodha kuwi ya mèlu mlaku ing sampingé. Nèk kerub-kerub kuwi ngegarké sayapé bèn isa mabur dhuwur, rodha-rodha kuwi ora bakal ménggak-ménggok utawa pindhah saka sampingé kerub-kerub mau.+ 17 Nèk kerub-kerub kuwi mandheg, rodha-rodha kuwi ya mèlu mandheg. Nèk kerub-kerub kuwi munggah, rodha-rodha kuwi ya mèlu munggah bareng kerub-kerub kuwi, sebab roh suci sing ngarahké malaékat-malaékat kuwi ya ana ing rodha-rodha kuwi.

18 Terus, kemuliaané Yéhuwah+ pindhah saka lawang bait lan mandheg ing ndhuwuré kerub-kerub kuwi.+ 19 Terus, aku ndelok kerub-kerub kuwi ngegarké sayapé lan munggah. Pas kerub-kerub kuwi mabur, rodha-rodha kuwi ya ana ing sampingé. Terus, kabèh padha mandheg ing gerbang sisih wétan baité Yéhuwah, lan kemuliaané Gusti Allahé Israèl ana ing ndhuwuré.+

20 Kuwi malaékat-malaékat sing tau tak delok ing Kali Khébar,+ sing ana ing ngisor takhtané Gusti Allahé Israèl. Saiki aku ngerti nèk malaékat-malaékat kuwi jebulé kerub. 21 Kabèh nduwé wajah papat lan sayap papat. Ing ngisor sayapé, ana sing kaya tangané manungsa.+ 22 Wajahé kaya wajah sing tak delok ing Kali Khébar.+ Kerub-kerub kuwi mlaku lurus terus.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim