Mazmur
Lagu sing digawé Asaf.+
79 Oh Gusti Allah, bangsa-bangsa wis nyerang umat-Mu.*+
2 Wong-wong kuwi wis matèni para abdi-Mu, lan mayaté abdi-Mu dipakakké manuk-manuk ing langit.
Dagingé umat-Mu sing setya dipakakké kéwan buas ing bumi.+
3 Getihé diesokké kaya banyu ing sekitaré Yérusalèm.
Padha mati kabèh nganti ora ana sing ngubur wong-wong kuwi.+
4 Aku* direndhahké tangga-tanggaku.+
Aku diécé lan dirèmèhké wong-wong ing sekitarku.
5 Oh Yéhuwah, nganti kapan Njenengan nesu? Apa nganti saklawasé?+
Nganti kapan Njenengan nesu kaya geni sing murubé gedhé banget?+
6 Muga-muga Njenengan nesu karo bangsa-bangsa sing ora perduli karo Njenengan
Lan karo kerajaan sing ora muji jeneng-Mu,+
7 Merga wong-wong kuwi matèni keturunané Yakub
Lan nggawé negarané dadi hancur.+
8 Aja ngukum aku merga kesalahané nènèk moyangku.+
Tulung ndang mesakké aku+
Merga aku ngrasa susah banget.
9 Oh Gusti Allah sing nylametké aku,+ tulungi aku,
Demi jeneng-Mu sing mulya.
Slametna aku, lan tulung dosa-dosaku diapura* demi jeneng-Mu.+
10 Aja nganti bangsa-bangsa kandha, ”Endi Gusti Allahé wong kuwi?”+
Aku lan bangsaku péngin ndelok wektu bangsa-bangsa ngerti
Nèk Njenengan wis mbales wong-wong sing matèni para abdi-Mu.+
11 Muga-muga Njenengan krungu sambaté wong sing dipenjara.+
Gunakna kuwasa-Mu kanggo nylametké* wong sing dihukum mati.+