Mazmur
Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud.
11 Aku nggolèk perlindungan marang Yéhuwah.+
Kok isa-isané kowé ngomong karo aku,
”Lungaa menyang gunung kaya manuk.
2 Deloken wong jahat sing nyiapké busur panahé.
Wong-wong kuwi wis ndèlèhké panahé ing tali busuré
Lan siap manah wong sing bener saka petengan.
3 Nèk hukum dirèmèhké lan ora ana keadilan,
Wong sing bener isa apa?
4 Yéhuwah ana ing baité sing suci.+
Takhtané Yéhuwah ana ing swarga.+
Mripaté ndelok lan ngamati manungsa.+
5 Yéhuwah ngamati wong sing bener lan sing jahat.+
Dhèwèké sengit marang wong sing seneng karo tumindak kejem.+
6 Dhèwèké bakal njebak* wong sing jahat.
Wong jahat kuwi bakal dihukum nganggo geni, belérang,+ lan angin panas.
7 Yéhuwah kuwi bener.+ Dhèwèké seneng karo tumindak sing bener.+