Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Nurut Mahalat.* Maskil.* Lagu sing digawé Daud.
53 Wong sing bodho mbatin,
”Yéhuwah kuwi ora ana.”+
Tumindaké wong kuwi ora bener, jahat, lan disengiti Gusti Allah.
Ora ana sing tumindaké apik.+
2 Saka swarga, Gusti Allah ndelok manungsa ing bumi+
Merga péngin ngerti sapa sing nduwé pemahaman lan sing nggolèk tuntunané Yéhuwah.+
3 Ora ana manèh manungsa sing tumindaké bener.
Kabèh wong kuwi jahat.
Ora ana sing tumindaké apik,
Ora ana babar blas.+
4 Apa wong jahat ora nduwé pengetahuan
Nganti gampang banget nindhes umaté Gusti Allah kaya nèk mangan roti
Lan ora njaluk tuntunané Yéhuwah?+
5 Ning, wong-wong kuwi bakal wedi banget.
Wong-wong kuwi durung tau ngrasa wedi banget nganti kaya ngono.*
Gusti Allah bakal nggawé balung-balungé wong-wong sing nyerang* kowé dadi pating slebar.
Kowé bakal nggawé wong-wong kuwi isin, merga Yéhuwah wis nolak wong-wong kuwi.
6 Muga-muga sing nylametké Israèl teka saka Zion.+
Muga-muga Yakub seneng, muga-muga Israèl seneng
Wektu Yéhuwah ngumpulké manèh umaté sing ditawan.